ADHANG GULE (dhandanggula legi)

↪DHANDHANGGULA↩



↣ Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine 'pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula.

↣ Guru gatra tembang dhandhanggula
      Saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).
↣ Guru wilangan lan guru lagu tembang dhandhanggula
  • 10-i
  • 10-a
  • 8 -é
  • 7 -u
  • 9 -i
  • 7 -a
  • 6 -u
  • 8 -a
  • 12-i
  • 7 -a

↣ Tuladhane tembang dhandhanggula


  Yogyanira kang para prajurit,


lamun bisa sira anuladha,
duk ing uni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.











Komentar