⇲WEWALER JAWA⇱
➤ Tegese wewaler
Wewaler iku tegese nasehat kang wujute larangan
➤ Tuladha wewaler
1. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.
Artine:
Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.
Artine:
Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular
3. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.
Artine:
Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.
4. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.
Artine:
Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor
5. Aja nganggo klambi ijo utawa Biru nalika marang pantai.
Artine :
Dikhawatiraken nalika ana ombak gede lan wonge keseret ombak, Tim SAR bakal angel nulungine, sebab klambine meh pada karo warna laut.
6. Aja metu sanding kala, mbokan diculik wewegombel.
Artine :
Wewaler iki digawe supaya bocah-bocah cilik ora metu ngumah nalika sanding kala utawa maghrib, amarga wektune ibadah lan ngaso.
7. Aja ngetoki kuku wengi-wengi.
Artine :
Maksude supaya tangane ora tatu, amarga jaman mbiyen durung ana listrik, dadi nalika wengi iku peteng.
8. Ora ilok singsot wengi-wengi, sebab bisa ngundang setan.
Artine :
Amarga singsot wengi-wengi ndadekaken tetanggane kiwa tengen keganggu.
9. Ora ilok maem nganggo tutup piring
Artine :
Tutup piring iku digawe udu kanggo maem, wewaler iki digawe supaya wong bisa nganggo barang pas karo fungsine
Sumber : https://brainly.co.id/tugas/712268 ; http://www.jooinfoo.com/2018/05/wewaler-bahasa-jawa-contoh-dan-artinya.html
Komentar
Posting Komentar