⤿Geguritan⤾
Miturut bausastra, geguritan yaiku karangan kang kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg.
⏩ Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku: ·
1. Pamilihing tembung
2. Wirama
3. Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
⏩ Isining geguritan:
- Irah-irahan : gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
- Tema : idhe baku kang dadi dhasare geguritan
- Amanat : piweling sing ana ing sajroning geguritan
- Diksi : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
- Retorika : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
⏩ Titikane geguritan, yaiku:
1. Tembung-tembung pilihan
2. Isine mentes
3. Cacahe larikan ora katemtokake
4. Sajak pungkasan bebas
5. Arang-arang nggunakake tembung pangiket
6. Nggunakake tembung kawi sawetara
⏩ Gurit kaperang dadi loro, yaiku:
- Gurit kuna
- Gurit anyar utawa geguritan
⏩ Gurit kuna duweni pathokan:
- Diwiwiti tembung sun nggegurit
- Cacahe wanda saben sagatra pada
- Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
⏩ Geguritan duweni pathokan:
- Cacahe gatra tanpa wilangan
- Cacahe wanda saben gatra bebas
- Tibane swara bebas
- Pamilihing tembung diutamakake sing mentes
- Ora nganggo tembung sun nggegurit
⏩ Tuladhane geguritan
Sepet
Dening: Itok Sandi P.P
Konco,,,,
Opo sliramu eling karo aku?
Aku sing biasane mok sambati
Mok kekki ngerti kabarmu
Mok ceritani kabeh babagan dee
Tapi saiki bubrah! pasrah ora nggenah
Tapi aku raasalah, aku ngalah
Senajan aku gelo nggregel ning ati
Tapi sliramu sing mbenjani janji
Sliramu saiki nang endi?
Mergo ndewe tau secedak desember ning januari
Sakdurunge adoh koyo saiki
sumber : http://tresnajawi.blogspot.com/2014/01/a.html
positif
BalasHapusBaguss!!
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusMantap
BalasHapus👍👍👍👍
BalasHapusMantap mantap
BalasHapusBagosss
BalasHapusMantap bos
BalasHapusterimakasih, membantu bgt🥰
BalasHapus