GAPUK (geguritan puisi kan?)

⤿Geguritan⤾


                Geguritan yaiku karangan sing awujud tatahan kanthi paugeran tartentu.
 Miturut bausastra, geguritan yaiku karangan kang kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg.


 ⏩    Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku: ·

1.  Pamilihing tembung
2.  Wirama
3.  Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.



⏩   Isining geguritan:
  •  Irah-irahan    : gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane) 
  •  Tema             : idhe baku kang dadi dhasare geguritan 
  •  Amanat         : piweling sing ana ing sajroning geguritan 
  •  Diksi             : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa) 
  •  Retorika        : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan 


⏩  Titikane geguritan, yaiku:

1. Tembung-tembung pilihan 
2. Isine mentes 
3. Cacahe larikan ora katemtokake 
4. Sajak pungkasan bebas 
5. Arang-arang nggunakake tembung pangiket 
6. Nggunakake tembung kawi sawetara



⏩   Gurit kaperang dadi loro, yaiku: 
  •  Gurit kuna 
  •  Gurit anyar utawa geguritan 


 ⏩   Gurit kuna duweni pathokan: 
  •  Diwiwiti tembung sun nggegurit 
  •  Cacahe wanda saben sagatra pada  
  •  Tibane swara ing pungkasan gatra runtut 


 ⏩   Geguritan duweni pathokan:
  •  Cacahe gatra tanpa wilangan 
  •  Cacahe wanda saben gatra bebas 
  •  Tibane swara bebas 
  •  Pamilihing tembung diutamakake sing mentes 
  •  Ora nganggo tembung sun nggegurit 


 ⏩   Tuladhane geguritan 


       Sepet
Dening: Itok Sandi P.P

    
   Konco,,,, 
Opo sliramu eling karo aku?
 Aku sing biasane mok sambati
 Mok kekki ngerti kabarmu
 Mok ceritani kabeh babagan dee
 Tapi saiki bubrah! pasrah ora nggenah
 Tapi aku raasalah, aku ngalah
 Senajan aku gelo nggregel ning ati
 Tapi sliramu sing mbenjani janji 
Sliramu saiki nang endi?
Mergo ndewe tau secedak desember ning januari
Sakdurunge adoh koyo saiki




 sumber : http://tresnajawi.blogspot.com/2014/01/a.html

Komentar

Posting Komentar