SERAK (Sinau cerita rakyat)



↝CERITA RAKYAT↜





  • Pengertian cerita rakyat : jawa inggih punika carios ingkang sampun sumebar teng masyarakat, inkang cacahipun mboten saged kaetang, malah terkadang mboten kamangertosan sinten ingkang nganggit.



  • Fungsi cerita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane cerita-cerita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun. 

  • Ciri-ciri (cerita rakyat jawa) kang saged dipendet saking cerita rakyat jawa ingkang wonten, kadosa :
  1. Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit.
  2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng.
  3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi).
  4. Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun. 


  • jenis-jenis cerita rakyat punika wonten werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng ngandhap punika badhe dipun jlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori carios rakyat teng inggil.

1. Legenda
Pengertian Legenda inggih punika cerita rakyat ingkang dipun anggep leres nat kedadosan, ingkang ceritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun, Utawi cerita jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sujarah (minurut KBBI).

2. Mite
Pengertian Mite inggih punika cerita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para dewa-dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan teng dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib) lan dipun anggep leres kedadosan dening inkang nganggit cerita punika utawi penganutipun.

3. Sage
Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah, ingkang nyritakaken  kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh.

4. Fabel
Pengertian fabel inggih punika cerita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, cerita punika mboten leres-leres kedadosan, namung cerita fiksi, terkadang fabel ugi nglebetaken karakter mioritas arupi manungsa.

5. Dongeng
Pengertian Dongeng inggih punika satunggaling cerita ingkang mboten nate kedadosan namung cerita fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten saged dipun logika. Adatipun nyritakaken bab keajaiban lan kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, lan sanesipun.


Sumber : http://osiku.blogspot.com/2016/03/cerita-rakyat-bahasa-jawa-legenda-mite-sage-dongeng-fabel.html#ixzz6CzE71zJw

Komentar