↣SESORAH JAWA↢
1. Pengertene sesorah
Sesorah yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong akeh.
2. Tujuane sesorah
a. Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
c. Aweh panglipur.
d. Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
3. Metode sesorah
a. Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
b. Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c. Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d. Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
4. Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a. Basa
b. Busan
c. Wiramaning swara
d. Solah bawa / sikap
5. Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H
.
6. Perangan sesorah
a. Salam pambuka
b. Pambuka (purwaka basa)
- Atur pakurmatan
- Atur puja-puji
- Atur panuwun
c. Isi (surasa basa)
d. Panutup (wacana basa)
- Pangarep-arep
- Ngaturake luput
e. Salam panutup
7. Ciri – ciri wacana persuasif
a. Mbudidaya supaya sarujuk (satuju)
b. Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang dikarepake penulis / celathu
c. Tansah ngendhani dredah
Komentar
Posting Komentar